Lirik Ojo Ngece – Ajeng Febria

Ojo ngece karo wong ora nduwe,
Rojo brono yen mati ora digowo..
Bebasan urip mung mampir ngombe,
Ngono kuwi jare pini sepuh kae..

Ojo ngece karo wong ora nduwe,
Rojo brono yen mati ora digowo..
Bebasan urip mung mampir ngombe,
Ngono kui jare pini sepuh kae..

Yen numpak sepur asepe metu nduwur,
Tiwas ajur mumur yen awak ora diatur..
Nek numpak motor asep’e metu ngisor,
Urip neng alam ndunyo kudu sugih andhap asor..

Nek numpak becak asepe metu telak,
Ojo ngguyu ngakak yen urip lagi kepenak..
Nek numpak andong asepe metu mbokong,
Ojo plenggang-plenggong mengko mundhak koyo grandong..

reff:
Dadi wong ojo rumongso biso,
Nanging uwong sing biso rumongso..
Wong sik becik simpeno kebecik’ane,
Ngono kuwi jarene simbahku dewe..

Nek rujak nanas pantes wadahi gelas,
Tiwas adhem panas sing digagas ora waras..
Nek rujak dondong pantes diwadahi lodhong,
Ojo plenggang plenggong mengko mundhak koyo grandong..

Nek rujak mayit lalapane rumah sakit,
Bingung golek duit ngurusi barang gejepit..
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit,
Bingung golek duit ngurusi barang gejepit..

dadio wong sing becik,
ojo do sirik,
opo opo marai mangkel,
mengko malah bondet nggrundel,
tiwas ngalah malah podo ngeyel..

mulane kowe manuto wong tuwo,
ojo pisan pisan koe neko-neko,
jaman saiki sithik-sithik metu ragat,
urip’e ora tentrem malah kowe dadi jepat..

mulakno mulakno, rasah do ngeyel
wong tuwo lek ngandani angel,
bola bali bola bali kowe nglarani ati,
wong tuwomu dadi loro ati..

ngalor ngidul ngulon ngetan,
aku wis kenthir ora iso mikir,
kiwo kiwo kluer kluer..

Nek rujak mayit lalapane rumah sakit,
Bingung golek duit ngurusi barang gejepit..
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit,
Bingung golek duit ngurusi barang gejepit..

Nek rujak mayit lalapane rumah sakit,
Bingung golek duit ngurusi barang gejepit..
Nek rujak mayit lalapane rumah sakit,
Bingung golek duit ngurusi barang gejepit..

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top